TEKS NASKAH DRAMA BAHASA JAWA TEMA PENGHIJAUAN

TEKS NASKAH DRAMA BAHASA JAWA
TEMA PENGHIJAUAN

SMP 20 saiki tumuju menyang Adiwiyata Nasional. Banjur hal kasebut, sekolah mung ngadaake macem macem lomba sing onok kaitane karo lingkungan. Salah sawijine yakuwi lomba taman kang ditujuaken marang murid kelas 9. Ben saben kelas kasebut dibagi dadi 2 kelompok, kelompok wadon karo kelompok lanang, seng engko’e bakal dijupuk dadi juara 1. Sing  juara 1 engkok bakal entuk hadiah saka wali kelase masing-masing. Kabeh  kelas mung wes mulai nyiapake, salah sawijine yaiku  kelas 9f. 9f iku antusias banget meloki lomba iki.  

Ketua kelas :“ he rek…… iki onok pengumuman yen onok lomba taman. Ben kelas 
                        dibagi dadi 2 kelompok.”
Feviola : “ he to, mas aku kelompokan karo awm yo.. “
Dimas : “ tomas tomas anggetmu awakdewe iki sepur ngono aaa!!!”
Feviola : “ sepurane aa.. iku kan pancen jenengmu”
Putri : “ lo samisale awakmu karo tomas la aku karo sopo?”
Ketua kelas :” wes wes… ojok rame wae ..iki ate dibagi kelompoke. Trimo gak
                        kudu nrimo.”                      
Ditto: “Ngge pun… aku nerimo wae..”
Ketua kelas : “Dadi kuwi, kelompok 1 iku ditto karo dimas, yen kelompok 2 fevi
                        karo putri.”
Dimas : “loo…. Wegah aku karo titto, areke nakal…. ora niat.”
Ditto : “hehhh jenengku guduk iku yooo…. Wes talah pasrah ae.”
Putri : “wes wesss jook gelut wae… rungokno opo seng disampekno ketua kelas
               Iku loo.”
Ketua kelas : “wes pokok e iku kelompok e, gk oleh nolak , ben kelompok kudu
                          kerjo seng niat. Lek ora niat kenek dendo 100.000.”
Feviola : “looo… larang temen , la iku bayar dendo opo bayar pajak.”
Putri : “ohhh ojok bayar dendo, ya opo lek seng ora niat kudu nraktir arek sakelas
              nang bu ali…. Setuju ora?
Arek-arek: “oke wes… siap…”
Ketua kelas :”wes yo… tamane iku kudu onok unsure daur ulang e , pokok e
                       Tamane kudu apik, endah lan asri yo. Sakarepmu temane opo..
Seng penting apik.”   
       
Banjur iku, wayah istirahat deweke ndiskusiaken konsep taman seng pingin digawe. Kelompoke tomas nduweni konsep gurun sahara. Yen, kelompoke putri lan feviola nduweni konsep kayata negri dongeng.

Dimas : “he to, enak e konsep e opo yo? “
Ditto : “sak karepmu wes aku melok wae.”
Dimas : “opo aaa…. Ewangono.. aku ora iso mikir ii loo..”
Ditto : “hm…. (mikir) yak po samisale temae padang pasir… luwih gampang..
              mek garek ngekei kaktus tok mung karo hiasan opo ngono lah.”
Dimas : “la emange opo’o kok meleh padang pasir?”
Ditto :”oro opo opo.. seng penting ijo, asri lan iku luwih gampang. Mung ngekei
              botol seng werno ijo wae, baringono dibentuk koyok kaktus mari kan. He..
              wani beda mas..”
Dimas :”oala.. hahahaha iyo wes. Sesok awakmunggawa a barange yoo.”
Ditto : “la awakmu nggawa opo mas?”
Dimas : “yo podo karo awakmu.”
Ditto : “oala iyo wes sip bos.”

Ing panggonan liyane pisan, feviola lan putri yo mung ndiskusiake konsep tamane.

Feviola : “put.. enake konsepe opo yoo ben iso apik ngono loo.. iso ngalahnoo
                taman seng liyane….?”
Putri : “aku pingin konsep seng unik lan apik…. Tapi opo yoo…? “
Feviola :”lha awakmu iki yok opo sehhh…. Aku sing takok ngono lha awakmu kok
                 Takok balek. Aku yo ora ngerti ta..”
Putri  : “yok opo lalek konsep e awak dewe iku negri dongeng. Negri dongeng lak
               apik aaa, yok opo menurutmu ? “
Feviola  : “hmmm…. Negri dongeng.. iku yak opo to maksude?”
Putri : “dadi iku koyok taman taman ing istana ngono lah.. apik wes pokoke..”
Feviola : “oala.. ngge pun melok wae aku.. hihihihihi”
Putri  : “wa wes kon iki melok an koyok buntut . “
Feviola  : “ilokno ae terus….”
Putri  : “ora ora fev mek guyon tok mosok ngono tok ae ngamuk. “
Feviola  : “yo wes sesok awakmu gowo o barang bekas karo pewarna okeee. “
Putri  : ”yo, aku tak nggawa kaleng bekas, botol aqua, karo plastik adahe
               minyak iku yoo..”
Feviola  : “oh yoo wes sip. Aku tak nggawa cat ambek kembang yoo.. “

Esuke, sawise muleh sekolah kabeh murid mulai ngehiasi  tamane masing-masing kalebune kelas 9f. Deweke kabeh podo nggawa bahan sing beragam kayata bunga, cat, kaleng bekas, lan liyo-liyane.

Ing njero kelas…

Putri  : “he fev iki aku wes gowo bahan bahan e. “
Feviola  : “iyo wes ayo saiki bagi tugas, aku seng bagian nandur tanemane, karo
                   noto ee, awakmu seng bagian ngehias barang bekas yo…”
Putri : “wahh fevi.. bagiane gampang gampang…. “
Feviola : “ooo yo iyo ta rek.. fevii ngono loo.. piss men..”
Putri : “alah alah.. iyo wes.. ngge pun.. wes iki kapan kerjoe?”
Feviola : “taun ngarep.. yo saiki to…. !!”
Putri : “ yoo wesss ladub..”

Sawise iku, teko dimas karo ditto. Deweke yo kepingin nggarap ing kelas.

Ditto  : “ wheeee dek kene onok putri ambek fevi barang rekkk. “
dimas  : “whaaa barang e tiru tiru aku ae, ora onok barang liyo a kok tiru tiru
                 aku.”
Putri  : “heee ojok GR , aku ora tiru-tiru barangmu yo…. Awakmu paleng seng tiru
               tiru.”
Dito : “he loen na werna botole lo pink.. nggilani rekkk…”
feviola : “yoo babahhh sehh kan sakarepku…. La timbang barangmuu
                Wernoe mek iku tok..”
Ketua kelas : “hoiii rekk.. lapo?? Kok rame waee.. ora gelem kerjo malah gelut…”
putri : “iki loooo teko teko moro moro ngilokno… “
dimas : “gak ngilokno aku, aku mek ngandani tok..”
Ditto : “la pancen kenyataane barangmu elek kok..”
Ketua kelas : “hehh!! Wes ojok tambah ilok-ilokan.. ngene waeee.. iki digawe
tantangan. Sopo  seng kalah engkok ngekei hadiah nang seng      menang karo njoget ndek ngarepe kelas. Setuju ora?”
Arek-arek : “ okeee…. Siappp “ ( bebarengan )

Banjur wiwit iku,  deweke pun bersaing kanggo ngehias tamane. Deweke kerja keras ben iso dadi juara. Deweke ora gelem kalah. Dina sawise dina terus lumaku nganti akhire……

Ditto : “eh mas, delengen talah, tamane fevi karo putri.. apik.. waduhh iso iso
               tamane deweke kalah. Awakdewe kudu ya opo?”
Dimas : “mosok se to? Wadooo pokoke ora oleh iki kelompoke putri karo fevi
                 menang.”
Ditto : “awakdewe kudu ya opo mas?”
Dimas : “emmm…(mikir). Ngene wae.. ya opo samisale awakdewe ngerusak
                 tamane de’e…”
Ditto : “emm aku wedi tapi mas..”
Dimas : “ora opo opo. Ketimbang kelompoke awakdewe kalah.. iku malah
                 medeni.”
Ditto : “iyo ae wess aku.. ngge pun.. kapan?”
Dimas : “moleh sekolah yak po? Kan kabeh murid wes podo mulih. Dadi kan sepi
                ora onok seng ndeleleng iki..”
Ditto : “setuju..!!”

Sawise iku, Dimas karo Ditto wes podo siap. Deweke ngenteni kabeh murid tarutama putri karo feviola bali menyang omae. Sawise kabeh wes podo rampung, ditto karo dimas njalanake misi e. Kabeh tanduran mung wes ditata apik-apik, yo dadi rusak. Kabeh botol-botol seng wes rapi, dadi ajur kabeh mergo arek loro kuwi. 

Sesok e ing sekolahan putri mung kepingin banget ngeceki tamane. Putri mung kaget setengah mati amarga tamane sing wes ditata dadi ajur lan rusak ora karuan. Sawise iku deweke banjur nggoleki feviola nggae menehi weruh.

Ing kelas..

Putri : “fev!! Fevi!!. Aduh menyang endi to bocah siji kuwi.. “
Feviola : “woy woy woy.. ono opo to put.. isuk isuk awakmu wes jerak jerik.”
Putri : “aduh fev, iku loo tamane awakdewe..”
Feviola : “keno opo put?”
Putri : “iku loo, tamane rusak ora karuan. Aku kaget fev. Sopo seng ngerusak iku
              kabeh? Salah sesok kuwi iku wes penilaian. Aku wedi fev.”
Feviola : “temenan ta put iki? Mosok to? Yo wes ayo dicek sek yo.”

Sawise iku mau, deweke mung ngeceki. Kanyatane seng dikandani putri mung temenan. Arek loro kuwi bingung kudu lapo. Akhire feviola mutusne yen deweke kudu mbeneri kabeh saka awal. Ora onok cara maneh. Amarga sesok mung wes penilaian, dadine gelem ora gelem kudu debenerake.

Ora kerasa dina iku mung penilaian tamane. Bu guru mung ngeceki taman e saben kelompok. Resik opo ora, endah opo ora, lan asri opo ora. Banjur wes rampung, bu guru mung mbali menyang ruang guru kanggo ndiskusikno nilaine.

Ing bab liyo, dimas seng ndeleng tamane feviola karo putri kaget ora karuan. Amarga tamane wes mbalek menyang semula maneh. Lan ikupun tambah apik wae.

Dimas : “to. Delengen talah, tamane kok iso apik ngono yo.. padahal iku
                 awakdewe wes ngerusakno. Saumpama deweke benerne kok iso
                 yo padahal wektue mung sedilut.
Ditto : “iyo yo.. kok iso yo..(mikir) moro-moro iku duduk duweke fevi karo putri.”
Dimas : “iso wae iku to… wahh koyoke awakdewe bakal kalah to. Soale awakdewe
                 penampilane bedo adoh karo duweke fevi karo putri.”
Ditto : “yo wes dideleng ae engkok, sopo seng menang.”

Banjur kuwi, bu guru mung teko gae wenehi pengumuman lomba taman. Bu guru teko karo nggawa kerdus gede seng koyoke iku mung hadiahe.

Bu guru : “Assalamualaikum..”
Murid : “Waalaikumsalam bu.”
Feviola : “eh bu guru.. mangga bu mlebet..”
Bu guru : “oh iyoo. Iki lo bu guru mung pingin nyampaine pengumuman bab
                    lomba taman kuwi. “
ditto : “wihhh.. bu guru. Sopo nggeh bu sing bakal menang? Pasti kelompoku.”
Putri : “wuhhh ojok GR.”
Bu guru : “wes-wes.. bu guru seneng banget bisa melu berpartisipasi ing kegiatan
                   ngene iki. Ibu mung seneng murid murid kabeh wes iso podo njaga ke-
                   resikan sekolah. Dipertahan e yo.. ben sekolah iki mung tetep ijo, asri,
                   lan endah. Lek iso, mung bendino njaga keresikan sekolahan. Ojo mung
                   ono lomba wae kowe njagane yoo.. Wes, iku mau bu guru pingin
                   ngumumne seng menang  lomba taman iku kelompoke feviola karo
                   putri.
Feviola lan putri : “yeyyyy…. Awakdewe menang…. Alhamdullillah.”
Bu guru : “iyo.. iki hadiahe yo. Mung dijaga tamane ojok sampe rusak.”
Feviola : “ngge bu. Matursuwun. “
Dimas : “wuhhhh.. curang niku bu. Niku tamane duduk duweke de’e.”
Putri : “kok iso lo? Iku pancen tamanku.”
Ditto : “ora mungkin iku.. padahal iku tamane wes takrusak, kok iso dadi apik
 maneh? Lek mbenerno kan ora mungkin. Waktune ae mek sedilut....... ehhh keceplosan…”
Dimas : “aduh ditto, yok po se awakmu iki.. ojok ngomomg ngomong talah.”
Ditto : “yo sepurane aa. Aku keceplosan.”
Putri : “ooalahh dadi selama iki kowe-kowe to seng ngerusak tamanku karo fevi.”
Feviola : “wahh yak po too… gak oleh ngono iku.”
Ditto : “yo sepurane a rek. Aku sebenere iku iri kok iso tamanmu iku apik. Aku
               wes mbedek lek kelompokmu pasti bakal menang. Aku wedi yen kelom-
               pokmu menang. Yo wes tak rusak wae tamanmu ben ora menang.”
Bu guru : “heh murid-murid, ora oleh ngono. Lomba kuwi iki mung gawe ngelatih
                   siswa yen pentinge njaga keresikan lingkungan. Ora dideleng saka apik
                   elek’e seng penting manfaate gae lingkungan, gawe kowe kabeh.
                   Liyane iku, lomba iki iso nyiptakake kahanan seng  asri lan ijo royo-royo.
                   Bab iki podo ae koyok nggalang penghijauan ing lingkungan sekolah.
                   Dadine kabeh podo seneng lan betah ing sekolah amarga lingkungan
                   sing apik mau. Paham??”
Dimas : “ngge bu. Ngapunten.”
Bu guru : “iyo ora opo-opo. Seng penting ora dibaleni meneh.”
Ditto : “fev, put sepurane yo aku wes ngerusak tamanmu iku. Tak akoni kowe
               kabeh iki pinter ngehias tamane. Selamet yo wes menang.
Feviola : “iyo to, ora opo-opo. Seng penting ojok dibaleni meneh yo. Tamanmu lo
                  yo sebenere apik. Matursuwun lo wes diucapno.”
Ditto : “ iyo aku sadar yen ngerusak tanaman iku gak apik. Berarti podo ae karo
                ngerusak bumi.”
Putri : “nah ngono aa.. kan seneng yen ngene. Wes wes mari drama eee. Koyok
               opo ae.. seng penting awakdewe iso njaga keresikan lingkungan iku wes
               apik. Wes mulai saiki ojok ngerusak tanaman maneh yo. Ben lingkungan
               tetep lestari lan resik yo. Okee….”
Dimas : “ wes aa.. iki gak sido dihukum ta aku?”
Putri : “ora usah ngono an wes. Seng penting awakmu wes sadar iku yo wes
               cukup.”
arek-arek : “SIAP..!! OKE BOSS!” (bebarengan)           


Banjur wiwit iku, arek-arek podo janji yen deweke ora bakal ngerusak lingkungan, lan kudu njaga lingkungan. Urip resik iku ngekeki awakdewe pawulangan kanggo ngrumat, lan kanggo ndadekake sesuatu sing endah tetep endah seteruse. Ora ono kaendahan tanpo karesikan, sesuatu katon endah amarga wonten ing kahanan resik.  


(karya sendiri. Maaf kalau agak konyol :v)         

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PIDATO BAHASA JAWA TENTANG LINGKUNGAN

LIRIK LAGU HOW FAR I'II GO